Kamis, 11 September 2008

cimplungan

siji diantarane sing paling nyenengke lan ngangeni nang desaku yaiku nyimplung.biasane yen usume giling tebu gae gulo jowo alias gulo abang ,wong wong podho akeh sing nyimplung.sing kenek di cimplung iku telo kaspe,sukun,degan,lan kacang brol.mengko telo kaspe di onceki disik terus di kumbah sing resik,lak wis siap terus di gowo nang gilingan tebu .Nah proses nyimplung iki ,pertama telo mau di celupke nang banyu tebu sing isih mentah ,kira kira 15 menit di delok wis empuk terus di celupke nang banyu tebu sing meh dadi gelali.kira kira 20 menit terus diangkat .nah cimplunga siap di sajikan .hmmm rasane uueank tenan, legi legi gurih.sopo pengen ? reneo kang mbakyu..

1 komentar:

Ary sakty zein mengatakan...

emang ndueso banget ..